--> TALQIN MAYYIT BAHASA JAWA | Kanjeng Ibad

tempat rekresi intelektual dan kazanah keilmuan


Tuesday, May 6, 2014

TALQIN MAYYIT BAHASA JAWA

| Tuesday, May 6, 2014
بسم الله الرحمن الرحيم

كل شيء هالك الاّ وجهه. له الحكم واليه ترجعون. كلّ نفس ذَائقه الموت وانّما توفون اجوركم يوم القيامة. فمن زحزح عن النّار وادحل الجنّة فقد فاز. وما الحياة الدّنيا إلاّ متاع الغرور. منها خلقناكم وفيها نعيدكم ومنها نخرجكم تارة اخري. منهاخلقناكم للأجر والثواب. وفيها نعيدكم للدود والثّواب. ومنها نخرجكم للعرض والحساب.

بسم الله وبالله ومن الله والي الله وعلي ملّة رسول الله صلي الله عليه وسلّم. هذا ماوعدالرحمن وصدق المرسلون. ان كانت الاّ صيحة واحدة فاِذاهم جميع لدينا محضرون.

he (fulan)!, saiki sira wes mati, lan saiki sira wus ngalih marang alam kubur, yo iku alam barzah, sira aja nganti lali perkara kang sira sungkemi nalika siro pisah karo kito kabeh, yo iku nekseni yen temen ora ono pengeran kang haq kejaba mung gusti ALLOH ta'ala, lan nekseni yen gusti kanjeng nabi MUHAMMAD SAW iku utusane gusti ALLOH ta'ala.

he (fulan)!, seng ati-ati yen siro di tekani malaikat loro, kang di pasrahi nyoba marang siro, siro ojo kaget lan gumeter. ngertio, saktemene kang bakal nekani sira iku yo podo-podo makhluk'e gusti ALLOH.

he... (fulan)!, yen malaikat loro mengko takon marang sira mengkene:
1. sapa pengeranmu ?
2. Apa agamamu ?
3. Sapa Nabimu ?
4. Apa I'tiqotmu ?
5. lan Apa kang sira sungkemi naliko sira mati ?

yen sira ditakoni kaya mengkono, jawabo...., pengeranku iku gusti ALLOH, yen dikaping pindoni takone! jawabo maneh..!, gusti ALLOH ta'ala iku pengeranku!, yen dikaping teloni takone, yo iku pitakon kang pungkasan, sira jawabo maneh kang teges, ojo nderedek, aja kuwatir: Gusti ALLOH iku pengeranku, agama islam iku agamaku, gusti kanjeng nabi MUHAMMAD SAW iku nabiku, kitab suci Al Qur'an iku panutanku, sholat sembahyang iku kewajibanku, wong islam kabeh iku sedulurku, Nabi Ibrahim iku persasat bapakku, aku urip lan mati, netepi ucapan LAILAAHA ILLALLOH MUHAMMADURROSULULLOH SHOLLALLOHU 'ALAIHI WA SALLAMA.

he...(fulan)!, hujjah kang dak warahake marang sira iki, cekelono kang , ngertio yen sira bakal manggon ing alam kubur iki nganti mbesok dino qiyamat, yo iku dinane wong ahli kubur podo di tange'ake.

he... (fulan)!, ngertio yen pati iku haq, manggon ing kubur, pitakon mungkar nakir ana ing kubur, dinane tangi sangka kubur, anane khisab, traju, wot sorotol mustaqim, neroko lan suwago iku kabeh haq, mesti anane. setuhune dino qiyamat iku mesti tumeko, lan setuhune gusti ALLOH bakal nange'ake wong kang ana ing alam kubur.

nuli moco dongo iki

ونستوعذك يا الله, اللهم يا انس كلّ واحيد ويا حاضرا ليس يغيب انس وحدتنا ووحدته, ورحم غربتنا وغربته, ولقن حجته ولا تف بعده وغفرلنا وله. يا الله يا رب العالمين. سبحان ربّك رب الغزة عمّا يصفون وسلام علي المرسلين والحمد لله ربّ العالمين.

Related Posts

No comments:

Post a Comment

terimakasih telah membaca blog saya, silahkan tinggalkan komentar